--> Contoh Laporan Wawancara Bahasa Jawa -->

Contoh Laporan Wawancara Bahasa Jawa

No comments

 

 #CONTOH LAPORAN WAWANCARA DALAM BAHASA JAWA

 

LAPORAN ASILING WAWANCARA

KESENIAN JARANAN MAYANGKORO ORIGINAL

 





DAFTAR ISI 

 

Judul

Atur Pangiring ......................................................................................................i

Daftar Isi...............................................................................................................ii

Bab 1 Pambuka

1. Lelandesan Panliten...........................................................................................1

2. Ancas Panliten...................................................................................................2

3. Rumusan Prakara...............................................................................................2

Bab II Isi

1. Teori...................................................................................................................3

2. Wawanrembug...................................................................................................4

Bab III Panutup

1. Pitutur.................................................................................................................7

2. Kesimpulan ........................................................................................................7

Foto dan Dokumentasi


 


BAB 1

PAMBUKA

1. Lelandhesan Panliten

            Budaya masyarakat sing wis melekat dadiake masyarakat jawa njunjung dhuwur nilai-nilai luhur kekal kebudayaan iku. Salah sijini wujud kebudayaan sing sering kali dikenal karo masyarakat jawa yaiku kesenian jaranan. Sing lagi tenar ing tahun iki yaiku Jaranan Mayangkoro Original. Kesenian jaranan iki ditindakake turun temurun.Ancase kesenian jaranan yaiku wujud rasa syukur marang Gusti Allah SWT. Kesenian jaranan iki salah sijine warisan budaya nenek moyang, sing patut di lestareake. Budaya masyarakat sing senantiasa di lestareake lan dijogo, bisa ndadeake kesenian dadi ciri khas daerah Jawa Timur. Kesenian jaranan uga nduweni nilai sing terkandung ning jerone, kayata nilai gagah prakoso lan ndadeake wujud nilai sepiritual. Spiritual yaiku hubungan manungsa marang gusti Allah lewat rasa syukur.

Miturut wong jawi, ngelestariake tradisi ndueni ancas yaiku kanggo ngillingno manungsa supaya kesenian jaranan iku ora mati utawa ora mandek. Akeh jenise jaranan ing tlatah jawa timur lan kesenian jaranan nduweni nama,bentuk lan fungsi pertunjukane sing ono perbedaan lan persamaan ing saben daerah. Perbedaan lan persamaan kasebut mesti selaras marang karakteristik budaya masyarakat sing urip lan berkembang ing saben daerah.

Kita kudu nglestareake jaranan iku lewat pertunjukan langsung. Saking iku kita bisa weruh opo wae sing dilakokake ing jaranan lan ngenalne meneh kesenian jaranan bisa luwih berkembang dikenal,diminati, lan ora tergeser marang budaya asing.Amarga iku kita milih babagan kesenian jaranan sing wis ono ing awit jaman kepungkur.Kajaba iku wawancara minangka bagean saka program akademik sing kudu dirampungake dening siswa.Pungkasan,kabeh kegiatan ing wawancara bakal kalebu ing wangun laporan .    

2 Ancas Panliten

2.1  Kanggo sejarahe jaranan asli lan jaranan mayangkoro original.

2.2  Kanggo makna saking saben gerakan ing jaranan mayangkoro original.

2.3  kanggo gae wawasan ngenani isi ing jaranan.

3. Rumusan Prakara

3.1 Kepriye sejarahe jaranan asli lan jaranan mayangkoro original?

3.2 Kepriye makna saking saben gerakan ing jaranan mayangkoro original ?

3.3 opo wae sing ono ing jaranan iku?

 

BAB II

ISI

1. Teori

Kesenian Jaranan minangka kesenian tradisional sing dimainake para penari ing jaran buatan digawe saka pring sing dirajut. Kesenian Jaranan wiwit muncul abad 10 Hijriah.Tepat ing taun 1041,utawa bebarengan karo kerajaan Kahuripan diperang dadi 2,yaiku sisih wetan Kerajaan Jenggala karo ibu kutha Kahuripan lan sisih kulon Kerajaan Panjalu Utawa Kediri karo ibu khuta Dhahapura.

            Sejarah ngenani Kesenian Jaranan iki sawetara duweni versi beda saka crita.Miturut salah sawijine lagenda sing tuwuh ing masyarakat,kesenian iki nyritaake perkawinan Klono Sewandono karo Dewi Songgo Langit.Lan penari jaran ing kesenian  jaranan njlentrehake sekelompok prajurit sing ngancani Dewi Songgo Langit lan pria Klono Sewandono saka Kediri menyang wangker.Kanggo mengeti dewi singgo langit lan pernikahane karo klana sewandono utawa pujangga anom,masyarakat kediri nggawe seni jaranan.

            Ing pertunjukkan,Kesenian Jaranan di tembangake kelompok penari nganggo sandhangan pahlawan lan nunggang jaran sing nyandang.Nalika nunggang jaran,dheweke nari kanthi gerakan sing dinamis lan selaras karo musik sing ngancani.Kejabo nari uga bisa main kanthi gerakan maneka warna.Ing pagelaran tari Jaranan iki uga diiringi maneka warna gamelan kayata kenong,kendang,gong lan liya-liyane.         

            Ing perkembangane,Kesenian Jaranan isih urip lan dilestrekake ing sawetara daerah ing Jawa Timur.Salah sawijining yaiku Kabupaten Kediri sing ndadekake Kesenian Jaranan iki dadi ciri khas.Kesenian Jaranan uga katon kanggo macem- macem acara kayata pahargyan,sunat,nampi tamu gedhe,festival budaya lan liya-liyane.

2. Wawanrembug

Panyerat          : “Bapak asmane sinten?”

Narasumber     : “Jenengku Anak Agung Asmara Jati”

Panyerat          : “Alamat ipun pundi Bapak?”

Narasumber     : “Alamat kula Ds. Wonoasri Kec. Grogol”

Panyerat          : “Bapak asli tiyang mriki?”

Narasumber     : “Ora mbak, Aku asli wong Nganjuk, Aku nde kene melu ibuk ku mbak.”

Panyerat          : “Panjenengan ngenal kesenian jaranan wiwit kapan?”

Narasumber     : “Aku ngenal jaranan wiwit cilik”

Panyerat          : “Sejarahe terbentuke jaranan niku pripun pak?”

Narasumber     : “sing tak werui jaranan iku ana wiwit  Kerajaan Kediri kuno, ingkang nglambangake keprajuritan utawa ciri khas seorang kesatria mulai wiwit jaman Kerajaan Airlangga Kediri. sing tak weruhi jaranan iku ana sekitar tahun 434 utowo 437, jaranan pertama ana ing dusun mamenang ingkang saiki dikenal khanti jeneng pamenang, amarga ing kana panggonane  prajurit-prajurit ingkang handal,saben dikirim perang tansah menang. Panggone ing sendang tirto kamandanu .aku melajari saking mediasi karo bongso alus .lan nganti saiki jaranan tasik saget di deleng kaleh masyarakat.”

Panyerat          : “Jaranan ingkang panjenengan kagungi niku asmane napa Pak, lan pripun sejarahe?”

Narasumber     : “Mayangkoro mbak jenenge, nggih ngapunten, aku iki mung bisa cerita. amarga aku iki sanes pendiri mayangkoro, aku ora nduweni, tapi mung nderek bos kula. Mayangkoro iku lahir tahun 2011, ing wektu iku mengeti lahire putanipun bos kula. Terus ngalami pasang surut- pasang surut. Tahun 2016-2017 saestunipun kula sampun melalngbuwono ing pirang – pirang  jaranan nganthi 2019 lan melu nggedekake jaranan mayangkoro nganthi terkenal.”

Panyerat          : “Pinten jumlahe penari ingkang wonten ing jaranan mayangkoro niku?”

Narasumber     : “Penari ora luweh saka 30 penari, iku wis termasuk sak kabehe. Biasane ya 25 kadang narine manggon ning awal lan ning akhir dobel.”

Panyerat          : “Niku enten arti utawa makna saking saben gerakan?”

Narasumber     : “Ya ana mbak, sing jelas kanggo jeneng – jenenge aku ora pati weruh. Contone serekan, ing celengan ana sesembahan sing artine dedunga marang sing kuasa. Amarga intine jaranan iku hubungan manungsa marang sing kuasa utawa hubungan manungsa marang manungsa, banjur digambarne ing kesenian jaranan

Panyerat          : “teng mayangkoro niku enten bantenganne niku fungsine nopo teng jaranan ?”

Narasumber     : “Kabeh iku ora ucul teka kesenian, amarga hakekate kesenian jaranan iku gawe hiburan, iku mung kreasi sing ana ing mayangkoro.intine jaranan mayangkoro iki ora kuna, tapi ya ana modernne. kita nduweni slogan “pelopor  Jaranan Sewu Kreasi” intine kita kudu dadi transentere wong liya. Saiki wis modernisasi mbak, wis ora pakem meneh. akhire kita golek kreasi supaya sing ndeleng ya ora bosen.Ora nduweni maksud ngilangi utawa nambahake, tapi mung kanggo memodernisasikan kesenian jaranan.”

Panyerat          : “Ngenani kesurupan niku panjelasane pripun pak?”

Narasumber     : “Ing sak jerone ilmu kejiwaan amarga kurange konsentrasi sing akhire ora sadar, berhalusinasi akhire lali karo awake dewe lan kesurupan ing jranan iku sejatine tinggalane leluhur, ning saiki mung tansah akting. Utawa mung gaya – gaya mawon amarga iku kanggo hiburan. Bangsa alus mung nyenengi ambon-ambon kembang lan mung bisa ngrasakake.

Panyerat          : “niku enten minyak, dupa, lan kemenyan, niku fungsine napa nggih pak ?”

Narasumber     : “iku kanggo ritual wae mbak”

Panyerat          : “jenis – jenisipun minyake niku napa wae pak?”

Narasumber     : “minyak fanbo,minyak iki biasane kanggo minyak manten ,minyak mayit,minyak jafaron iki khusus kanggo ritualku mbukak kalangan.

Intine mung kanggo wangen – wangen.”

Panyerat          : “teng jaranan niku wonten napa wae pak?”

Narasumber     : "Ing jaranan iku ya mesti ana prajurit berkuda mulai teka kepang tari,kepang sakembaran ,satriotomo sing metune sore. perang celeng nggambarake penjaga batas prajurit dewi sangga langit kediri lan ponorogo.

kapetuk siluman kolosregi sing bisa molah - maleh wujude dadi wujud saksembarange lan sing terahir  iku  deweke ngrubah wujud dadi celeng, jebule ora bisa mbalik ing wujud asline, sakteruse deweke nduweni wujud celeng lan ing kana deweke nduweni kesaktian. Ana barongan, ngganongan, ketekan, bantengan, macanan, bapa.”

Panyerat          : “Barongan niku nggih wonten jenise pak?”

Narasumber     : “enek mbak, barong  swargaloka, hindu ,dharma ,dhesindria ,mangkuprojo,lan priwondo”

Panyerat          : “Arti mayangkoro niku napa nggih?”

Narasumber     : “amarga nggunakake jeneng mayangkoro original arti mayangkoro iku hanoman putra agung ibu anjani lan adike sugriwo lan subali sing disabda bapake dadi ketek, iku cerita wayange. Anjani mertapa ing sendang Penyangklingan, nalika anjani mertapa Bethara Guru nyawang ayune anjani, banjur Bethara Guru nduweni sahwat lan nyeblokake komo kurut, komo kurut iku ceblok ing godong sinom, banjur sinom iku ceblok ing pangkuane anjani, nalikane anjani nglakoni mertapa deweke kanda yen deweke ora bakal mangan utawa ngombe, ananging godong sinom sing ceblok ing pangkuane dipangan, sakwise kedadean iku anjani ngandung bayi, ora suwi anjani nglahirake jabang bayi banjur dijenengi senggono. Banjur senggono mertapa lan di didik supaya sekti, sakwise oleh ilmu sing sakti banjur  dijenengake resi mayangkoro sing sakti banget lan ora bias mati. Matine yen enek wit pelem kweni sing buahe rong biji, yen enek sing bisa njumuk buah iku, berarti iku tekane pati. Wit iku manggon ing Tugurejo lan panggon iku saiki dadi petilasane resi mayangkoro. Ing kana panggon mertapa lan moksa. Oleh jeneng resi mayangkoro iku sakwise deweke wis tuwa banjur ninggalke ndunya. Nduweni gelar saking Bathara Guru resi mayangkoro banjur kita migunakake jeneng iku kanggo ngurmati lan nyuwun ijin kanggo ndamel jeneng iku.”

Panyerat          : “Alat musike niku napa mawon pak?”

Narasumber     : “Saron demung, kenong, kendang, gong”

Panyerat          : “napa wae tantangan ingkang diadepi?”

Narasumber     : “tantangane iku ya alam mbak, udan ya kudanan, panas kepanasen sikile, kadang ya ana sing tawuran, sing ndeleng rusuh.”

Panyerat          : “Sakderenge pementasan niku wonten rituale napa mboten pak?”

Narasumber     : “ya ana, biasane sak durunge pementasan sak tim jaranan iku nyuwun ijin marang sesepuh sing ana ing kana, nyekar ing punden. Punden iku sebutan kanggo tiyang sepah sing disegani.”

Panyerat          : “Teng napa kok niku mecute nurut arah sudut mata angin pak?”

Narasumber     : “Dibukak sudut 4 arah mata angin, manut wong jawa kiblat iku madep etan amarga iku mecute wiwit saka etan, sakwise wiwit mesti jumedul tekan kidul, jumedul lek wis ruh rasane mesti kelakon, lek wis kelakon wis ora pengen apa – apa, banjur mujur ngalor, etan disungkemi banjur mbalek ngulon, ngidul, ngetan.

Panyerat          : “sakmenika matur nuwun ingkang katah, sampun ngluangake waktutipun panjenengan damel kula lan rencang – rencang, ngaturaken kalepatan ingkang katah sampun ngerepotaken panjenengan, lan mugi – mugi ilmu niki saget dados manfaat damel masyarakat, kula lan rencang – rencang”

Narasumber     : “nggih mbak mas sami – sami, mugi – mugi tugas sampeyan sedaya bisa khasil lan lancar sedaya”

BAB III

PANUTUP

1. Pitutur

Njogo kesetabilan marang masyarakat dening ngejalanake kesenian jaranan amergo iku kita kudu njogo lan ngelestareake supaya anak putu kita bisa ngrasaake kesenian jaranan sing luwih akeh,lan ora dikalahake dening budaya luar. Akulturasi utawa pencampuran budaya kudu tansah disaring supaya ciri khas budaya jawa ora luntur, pencampuran iku ya perlu, supaya budaya jawa ora ketinggalan jaman. Utamane generasi enom, penting banget kanggo ngrembakake lan keslametane seni asli bangsa kita.

                                                                          

2. Kesimpulan

       Ngenani panjelasan ing duwur, saget diringkes yen laporan iki irah-irahane “ Laporan Asiling Wawancara Kesenian Jaranan Mayangkoro Original” yaiku wujud pengembangan tradisi sing sampun enten adhedhasar warisan leluhur sadurunge. Kesenian jaranan di kembangake kelompok penari nganggo sandhangan pahlawan lan nunggang jaran sing nyandang. Nalika nunggang jaran, dheweke nari kanthi gerakan sing dinamis lan selaras karo musik sing ngancani.  Tradisi iki yaiku alkuturasi budaya sing kebak filosofi urip. Seni iki wis biasa sawetara daerah misale kediri, nganjuk, tulungagung lan sawetara wilayah liane.Tujuan seni iki minangka hiburan religi sing nggambarake babagan panguripan manungsa sing ngemot harmoni,keseimbangan urip. 

 

FOTO DAN DOKUMENTASI

 



 ( Gambar jenis-jenis minyak sing digunakake ing seni jaranan )



( Salah sawijining conto gambar properti sing digunakake ing seni jaranan )

 Referensi :

https://id.wikipedia.org/wiki/Jaranan

http://tridarmawirajaya.desa.id/2018/01/01/sejarah-seni-jaranan/#:~:text=Sejarah%20Asal%20Kesenian%20Tari%20Jaranan,atau%20Kediri%20dengan%20Ibukota%20Dhahapura.

http://serbaserbidodo.blogspot.com/2015/10/laporan-wawancara-bahasa-jawa-contoh.html

http://nawwafcom.blogspot.com/2013/04/contoh-laporan-hasil-wawancara-dalam.html

 

Comments