#CONTOH LAPORAN WAWANCARA DALAM BAHASA JAWA
LAPORAN
ASILING WAWANCARA
KESENIAN
JARANAN MAYANGKORO ORIGINAL
DAFTAR
ISI
Judul
Atur Pangiring
......................................................................................................i
Daftar
Isi...............................................................................................................ii
Bab 1 Pambuka
1. Lelandesan
Panliten...........................................................................................1
2. Ancas
Panliten...................................................................................................2
3. Rumusan
Prakara...............................................................................................2
Bab II Isi
1. Teori...................................................................................................................3
2.
Wawanrembug...................................................................................................4
Bab III Panutup
1. Pitutur.................................................................................................................7
2. Kesimpulan
........................................................................................................7
Foto dan Dokumentasi
BAB
1
PAMBUKA
1. Lelandhesan Panliten
Budaya
masyarakat sing wis melekat dadiake masyarakat jawa njunjung dhuwur nilai-nilai
luhur kekal kebudayaan iku. Salah sijini wujud kebudayaan sing sering kali
dikenal karo masyarakat jawa yaiku kesenian jaranan. Sing lagi tenar ing tahun
iki yaiku Jaranan Mayangkoro Original. Kesenian jaranan iki ditindakake turun
temurun.Ancase kesenian jaranan yaiku wujud rasa syukur marang Gusti Allah SWT.
Kesenian jaranan iki salah sijine warisan budaya nenek moyang, sing patut di
lestareake. Budaya masyarakat sing senantiasa di lestareake lan dijogo, bisa
ndadeake kesenian dadi ciri khas daerah Jawa Timur. Kesenian jaranan uga
nduweni nilai sing terkandung ning jerone, kayata nilai gagah prakoso lan
ndadeake wujud nilai sepiritual. Spiritual yaiku hubungan manungsa marang gusti
Allah lewat rasa syukur.
Miturut wong jawi, ngelestariake tradisi ndueni ancas
yaiku kanggo ngillingno manungsa supaya kesenian jaranan iku ora mati utawa ora
mandek. Akeh jenise jaranan ing tlatah jawa timur lan kesenian jaranan nduweni
nama,bentuk lan fungsi pertunjukane sing ono perbedaan lan persamaan ing saben
daerah. Perbedaan lan persamaan kasebut mesti selaras marang karakteristik
budaya masyarakat sing urip lan berkembang ing saben daerah.
Kita kudu nglestareake jaranan iku lewat pertunjukan
langsung. Saking iku kita bisa weruh opo wae sing dilakokake ing jaranan lan
ngenalne meneh kesenian jaranan bisa luwih berkembang dikenal,diminati, lan ora
tergeser marang budaya asing.Amarga iku kita milih babagan kesenian jaranan
sing wis ono ing awit jaman kepungkur.Kajaba iku wawancara minangka bagean saka
program akademik sing kudu dirampungake dening siswa.Pungkasan,kabeh kegiatan
ing wawancara bakal kalebu ing wangun laporan .
2
Ancas Panliten
2.1 Kanggo
sejarahe jaranan asli lan jaranan mayangkoro original.
2.2 Kanggo
makna saking saben gerakan ing jaranan mayangkoro original.
2.3 kanggo
gae wawasan ngenani isi ing jaranan.
3.
Rumusan Prakara
3.1
Kepriye sejarahe jaranan asli lan jaranan mayangkoro original?
3.2
Kepriye makna saking saben gerakan ing jaranan mayangkoro original ?
3.3
opo wae sing ono ing jaranan iku?
BAB
II
ISI
1. Teori
Kesenian Jaranan minangka kesenian tradisional sing
dimainake para penari ing jaran buatan digawe saka pring sing dirajut. Kesenian
Jaranan wiwit muncul abad 10 Hijriah.Tepat ing taun 1041,utawa bebarengan karo
kerajaan Kahuripan diperang dadi 2,yaiku sisih wetan Kerajaan Jenggala karo ibu
kutha Kahuripan lan sisih kulon Kerajaan Panjalu Utawa Kediri karo ibu khuta
Dhahapura.
Sejarah
ngenani Kesenian Jaranan iki sawetara duweni versi beda saka crita.Miturut
salah sawijine lagenda sing tuwuh ing masyarakat,kesenian iki nyritaake
perkawinan Klono Sewandono karo Dewi Songgo Langit.Lan penari jaran ing
kesenian jaranan njlentrehake sekelompok prajurit sing ngancani Dewi
Songgo Langit lan pria Klono Sewandono saka Kediri menyang wangker.Kanggo
mengeti dewi singgo langit lan pernikahane karo klana sewandono utawa pujangga
anom,masyarakat kediri nggawe seni jaranan.
Ing
pertunjukkan,Kesenian Jaranan di tembangake kelompok penari nganggo sandhangan
pahlawan lan nunggang jaran sing nyandang.Nalika nunggang jaran,dheweke nari
kanthi gerakan sing dinamis lan selaras karo musik sing ngancani.Kejabo nari
uga bisa main kanthi gerakan maneka warna.Ing pagelaran tari Jaranan iki uga
diiringi maneka warna gamelan kayata kenong,kendang,gong lan
liya-liyane.
Ing
perkembangane,Kesenian Jaranan isih urip lan dilestrekake ing sawetara daerah
ing Jawa Timur.Salah sawijining yaiku Kabupaten Kediri sing ndadekake Kesenian
Jaranan iki dadi ciri khas.Kesenian Jaranan uga katon kanggo macem- macem acara
kayata pahargyan,sunat,nampi tamu gedhe,festival budaya lan liya-liyane.
2. Wawanrembug
Panyerat :
“Bapak asmane sinten?”
Narasumber :
“Jenengku Anak Agung Asmara Jati”
Panyerat :
“Alamat ipun pundi Bapak?”
Narasumber
: “Alamat kula Ds. Wonoasri Kec. Grogol”
Panyerat :
“Bapak asli tiyang mriki?”
Narasumber
: “Ora mbak, Aku asli wong Nganjuk, Aku nde kene melu ibuk ku mbak.”
Panyerat :
“Panjenengan ngenal kesenian jaranan wiwit kapan?”
Narasumber
: “Aku ngenal jaranan wiwit cilik”
Panyerat :
“Sejarahe terbentuke jaranan niku pripun pak?”
Narasumber
: “sing tak werui jaranan iku ana wiwit Kerajaan Kediri kuno,
ingkang nglambangake keprajuritan utawa ciri khas seorang kesatria mulai wiwit
jaman Kerajaan Airlangga Kediri. sing tak weruhi jaranan iku ana sekitar tahun
434 utowo 437, jaranan pertama ana ing dusun mamenang ingkang saiki dikenal
khanti jeneng pamenang, amarga ing kana panggonane prajurit-prajurit
ingkang handal,saben dikirim perang tansah menang. Panggone ing sendang tirto
kamandanu .aku melajari saking mediasi karo bongso alus .lan nganti saiki
jaranan tasik saget di deleng kaleh masyarakat.”
Panyerat :
“Jaranan ingkang panjenengan kagungi niku asmane napa Pak, lan pripun
sejarahe?”
Narasumber
: “Mayangkoro mbak jenenge, nggih ngapunten, aku iki mung bisa cerita.
amarga aku iki sanes pendiri mayangkoro, aku ora nduweni, tapi mung nderek bos
kula. Mayangkoro iku lahir tahun 2011, ing wektu iku mengeti lahire putanipun
bos kula. Terus ngalami pasang surut- pasang surut. Tahun 2016-2017 saestunipun
kula sampun melalngbuwono ing pirang – pirang jaranan nganthi 2019
lan melu nggedekake jaranan mayangkoro nganthi terkenal.”
Panyerat :
“Pinten jumlahe penari ingkang wonten ing jaranan mayangkoro niku?”
Narasumber
: “Penari ora luweh saka 30 penari, iku wis termasuk sak kabehe. Biasane
ya 25 kadang narine manggon ning awal lan ning akhir dobel.”
Panyerat :
“Niku enten arti utawa makna saking saben gerakan?”
Narasumber
: “Ya ana mbak, sing jelas kanggo jeneng – jenenge aku ora pati
weruh. Contone serekan, ing celengan ana sesembahan sing artine dedunga
marang sing kuasa. Amarga intine jaranan iku hubungan manungsa marang sing
kuasa utawa hubungan manungsa marang manungsa, banjur digambarne ing kesenian
jaranan
Panyerat :
“teng mayangkoro niku enten bantenganne niku fungsine nopo teng jaranan ?”
Narasumber
: “Kabeh iku ora ucul teka kesenian, amarga hakekate kesenian jaranan iku
gawe hiburan, iku mung kreasi sing ana ing mayangkoro.intine jaranan mayangkoro
iki ora kuna, tapi ya ana modernne. kita nduweni slogan “pelopor Jaranan
Sewu Kreasi” intine kita kudu dadi transentere wong liya. Saiki wis
modernisasi mbak, wis ora pakem meneh. akhire kita golek kreasi supaya sing
ndeleng ya ora bosen.Ora nduweni maksud ngilangi utawa nambahake, tapi mung
kanggo memodernisasikan kesenian jaranan.”
Panyerat :
“Ngenani kesurupan niku panjelasane pripun pak?”
Narasumber
: “Ing sak jerone ilmu kejiwaan amarga kurange konsentrasi sing akhire
ora sadar, berhalusinasi akhire lali karo awake dewe lan kesurupan ing jranan
iku sejatine tinggalane leluhur, ning saiki mung tansah akting. Utawa mung gaya
– gaya mawon amarga iku kanggo hiburan. Bangsa alus mung nyenengi
ambon-ambon kembang lan mung bisa ngrasakake.
Panyerat :
“niku enten minyak, dupa, lan kemenyan, niku fungsine napa nggih pak ?”
Narasumber
: “iku kanggo ritual wae mbak”
Panyerat :
“jenis – jenisipun minyake niku napa wae pak?”
Narasumber
: “minyak fanbo,minyak iki biasane kanggo minyak manten ,minyak
mayit,minyak jafaron iki khusus kanggo ritualku mbukak kalangan.
Intine
mung kanggo wangen – wangen.”
Panyerat :
“teng jaranan niku wonten napa wae pak?”
Narasumber
: "Ing jaranan iku ya mesti ana prajurit berkuda mulai teka kepang
tari,kepang sakembaran ,satriotomo sing metune sore. perang celeng nggambarake
penjaga batas prajurit dewi sangga langit kediri lan ponorogo.
kapetuk
siluman kolosregi sing bisa molah - maleh wujude dadi wujud saksembarange lan
sing terahir iku deweke ngrubah wujud dadi celeng, jebule
ora bisa mbalik ing wujud asline, sakteruse deweke nduweni wujud celeng lan ing
kana deweke nduweni kesaktian. Ana barongan, ngganongan, ketekan,
bantengan, macanan, bapa.”
Panyerat :
“Barongan niku nggih wonten jenise pak?”
Narasumber
: “enek mbak, barong swargaloka, hindu ,dharma ,dhesindria
,mangkuprojo,lan priwondo”
Panyerat : “Arti
mayangkoro niku napa nggih?”
Narasumber
: “amarga nggunakake jeneng mayangkoro original arti mayangkoro iku
hanoman putra agung ibu anjani lan adike sugriwo lan subali sing disabda bapake
dadi ketek, iku cerita wayange. Anjani mertapa ing sendang Penyangklingan,
nalika anjani mertapa Bethara Guru nyawang ayune anjani, banjur Bethara Guru
nduweni sahwat lan nyeblokake komo kurut, komo kurut iku ceblok ing godong
sinom, banjur sinom iku ceblok ing pangkuane anjani, nalikane anjani nglakoni
mertapa deweke kanda yen deweke ora bakal mangan utawa ngombe, ananging godong
sinom sing ceblok ing pangkuane dipangan, sakwise kedadean iku anjani ngandung
bayi, ora suwi anjani nglahirake jabang bayi banjur dijenengi
senggono. Banjur senggono mertapa lan di didik supaya sekti, sakwise
oleh ilmu sing sakti banjur dijenengake resi mayangkoro sing
sakti banget lan ora bias mati. Matine yen enek wit pelem
kweni sing buahe rong biji, yen enek sing bisa njumuk buah iku, berarti
iku tekane pati. Wit iku manggon ing Tugurejo lan panggon iku saiki dadi
petilasane resi mayangkoro. Ing kana panggon mertapa lan moksa. Oleh
jeneng resi mayangkoro iku sakwise deweke wis tuwa banjur ninggalke
ndunya. Nduweni gelar saking Bathara Guru resi mayangkoro banjur kita
migunakake jeneng iku kanggo ngurmati lan nyuwun ijin kanggo ndamel jeneng
iku.”
Panyerat :
“Alat musike niku napa mawon pak?”
Narasumber :
“Saron demung, kenong, kendang, gong”
Panyerat :
“napa wae tantangan ingkang diadepi?”
Narasumber :
“tantangane iku ya alam mbak, udan ya kudanan, panas kepanasen sikile, kadang
ya ana sing tawuran, sing ndeleng rusuh.”
Panyerat :
“Sakderenge pementasan niku wonten rituale napa mboten pak?”
Narasumber :
“ya ana, biasane sak durunge pementasan sak tim jaranan iku nyuwun ijin marang
sesepuh sing ana ing kana, nyekar ing punden. Punden iku sebutan kanggo tiyang
sepah sing disegani.”
Panyerat :
“Teng napa kok niku mecute nurut arah sudut mata angin pak?”
Narasumber :
“Dibukak sudut 4 arah mata angin, manut wong jawa kiblat iku madep etan amarga
iku mecute wiwit saka etan, sakwise wiwit mesti jumedul tekan kidul, jumedul
lek wis ruh rasane mesti kelakon, lek wis kelakon wis ora pengen apa – apa,
banjur mujur ngalor, etan disungkemi banjur mbalek ngulon, ngidul, ngetan.
Panyerat :
“sakmenika matur nuwun ingkang katah, sampun ngluangake waktutipun panjenengan
damel kula lan rencang – rencang, ngaturaken kalepatan ingkang katah sampun
ngerepotaken panjenengan, lan mugi – mugi ilmu niki saget dados manfaat damel
masyarakat, kula lan rencang – rencang”
Narasumber :
“nggih mbak mas sami – sami, mugi – mugi tugas sampeyan sedaya bisa khasil lan
lancar sedaya”
BAB
III
PANUTUP
1. Pitutur
Njogo kesetabilan marang masyarakat dening ngejalanake
kesenian jaranan amergo iku kita kudu njogo lan ngelestareake supaya anak putu
kita bisa ngrasaake kesenian jaranan sing luwih akeh,lan ora dikalahake dening
budaya luar. Akulturasi utawa pencampuran budaya kudu tansah disaring supaya
ciri khas budaya jawa ora luntur, pencampuran iku ya perlu, supaya budaya jawa
ora ketinggalan jaman. Utamane generasi enom, penting banget kanggo ngrembakake
lan keslametane seni asli bangsa kita.
2. Kesimpulan
Ngenani
panjelasan ing duwur, saget diringkes yen laporan iki irah-irahane “ Laporan
Asiling Wawancara Kesenian Jaranan Mayangkoro Original” yaiku wujud
pengembangan tradisi sing sampun enten adhedhasar warisan leluhur sadurunge.
Kesenian jaranan di kembangake kelompok penari nganggo sandhangan pahlawan lan
nunggang jaran sing nyandang. Nalika nunggang jaran, dheweke nari kanthi
gerakan sing dinamis lan selaras karo musik sing ngancani. Tradisi
iki yaiku alkuturasi budaya sing kebak filosofi urip. Seni iki wis biasa
sawetara daerah misale kediri, nganjuk, tulungagung lan sawetara wilayah
liane.Tujuan seni iki minangka hiburan religi sing nggambarake babagan
panguripan manungsa sing ngemot harmoni,keseimbangan urip.
FOTO
DAN DOKUMENTASI
(
Gambar jenis-jenis minyak sing digunakake ing seni jaranan )
(
Salah sawijining conto gambar properti sing digunakake ing seni jaranan )
Referensi :
https://id.wikipedia.org/wiki/Jaranan
http://tridarmawirajaya.desa.id/2018/01/01/sejarah-seni-jaranan/#:~:text=Sejarah%20Asal%20Kesenian%20Tari%20Jaranan,atau%20Kediri%20dengan%20Ibukota%20Dhahapura.
http://serbaserbidodo.blogspot.com/2015/10/laporan-wawancara-bahasa-jawa-contoh.html
http://nawwafcom.blogspot.com/2013/04/contoh-laporan-hasil-wawancara-dalam.html