TEMBANG MACAPAT
Tembang yaiku lirik/ rima kang nduweni nada irama saengga ing basa Indonesia lumrahe diarani tembang. Salah satunggaling tembang ingkang misuwur ing masarakat inggih menika tembang macapat. Tembang iki dikenal minangka tembang tradhisional ing Bali lan Jawa kang irama lan iramane nggunakake laras pelog lan slendro.
Tembang Macapat yaiku tembang sing macane peng papat utawa tembang kang ana ing tlatah jawa kang kaiket paugeran.
Baca Juga :
Kaidahe Tembang Macapat
paugerane tembang:
- Guru Gatra : cacahing gatra ing saben sapada tembang
- Guru Wilangan : cacahing wanda ing saben sagatra tembang
- Guru Lagu : tibaning swara saben pungkasane gatra (a,i,u,e,o).
Paugerane Tembang Macapat
NO |
TEMBANG MACAPAT |
GURU GATRA |
GURU WILANGAN LAN GURU LAGU |
|||||||||
1 |
2 |
3 |
4 |
5 |
6 |
7 |
8 |
9 |
10 |
|||
1. |
Maskumambang |
4 |
12i |
6a |
8i |
8a |
|
|
|
|
|
|
2. |
Mijil |
6 |
10i |
6o |
10e |
10i |
6i |
6a |
|
|
|
|
3. |
Sinom |
9 |
8a |
8i |
8a |
8i |
7i |
8u |
7a |
8i |
12a |
|
4. |
Kinanthi |
6 |
8u |
8i |
8a |
8i |
8a |
8i |
|
|
|
|
5. |
Asmarandana |
7 |
8i |
8a |
8e |
8a |
7a |
8u |
8a |
|
|
|
6. |
Gambuh |
5 |
7u |
10u |
12i |
8o |
8o |
|
|
|
|
|
7. |
Dhandhanggula |
10 |
10i |
10a |
8e |
7u |
9i |
7a |
6u |
8a |
12i |
7a |
8. |
Durma |
7 |
12a |
7i |
6a |
7a |
8i |
5a |
7i |
|
|
|
9. |
Pangkur |
7 |
8a |
11i |
8u |
7a |
12u |
8a |
8i |
|
|
|
10 |
Megatruh |
5 |
12u |
8i |
8u |
8i |
8o |
|
|
|
|
|
11. |
Pocung |
4 |
12u |
6a |
8i |
12a |
|
|
|
|
|
|
- Maskumambang ngambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune,ciri-cirine yaiku susah, nelangsa.
- Mijil ateges wis lair,ciri-cirine yaiku ngarep-ngarep.
- Sinom ngambarake wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe,ciri-cirine yaiku seneng,lincah,renyah.
- Kinanthi ateges dituntut supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya/tuntutan ing masyarakat,ciri-cirine yaiku seneng,tresno.
- Asmarandana ateges tresna marang liyan,ciri-cirine yaiku trenyuh,sengsara
- Gambuh ateges wis jumbuh banjur digathuake antarane priya lan wanita sing nduweni tresno mau supaya bisa urip bebrayan,ciri-cirine yaiku grapyak,sumanak
- Dhandhanggula ngambarake uripe wong kang lagi seneng-seneng,apa kang digayuh bisa kasembadan,ciri-cirine yaiku endah,wibawa.
- Durma ateges dana weweh marang liyan amarga wis rumangsa kacukupan uripe,ciri-cirine yaiku brangas sangalak,sereng.
- Pangkur ateges nyingkiri hawa nafsu angkara murka,ciri-cirine yaiku ikhlas,lila legawa.
- Megatruh ateges wis titi wanci katimbalan marak sowan mring sing maha kuwasa,ciri-cirine yaiku kentekan pengarep-ngarep,susah.
- Pocung ngambarake yen wis dadi mayit dipocongi sakdurunge dikubur,ciri-cirine yaiku sembrono.
NO |
ARANE TEMBANG |
SASMITANE (JENENG LIYANE) |
1. |
Maskumambang |
Kampul,kambang,kenter |
2. |
Mijil |
Medal,wijil,wiyos |
3. |
Sinom |
Anom,mudha |
4. |
Kinanthi |
Kanthi,gandheng |
5. |
Asmarandana |
Asmara,kingkin |
6. |
Gambuh |
Buh,jumbuh,tambuh |
7. |
Dhandhanggula |
Madu,manis,tresno |
8. |
Durma |
Dur,undur,galak |
9. |
Pangkur |
Pangkur,ungkur,wuntat |
10. |
Megatruh |
Pegat,truh,luh |
11. |
Pocung |
Kluwak,wanda “cung”. |
- Temtokna lan tulisen ngenani gagasan sing bakal digawe tembang
- Temtokna tembang sing arep digawe
- Tulisen paugeranne
- Gawe ukara-ukara salaras karo paugerane tembang
- Tembung-tembung lan ukara kang wis digawe mau banjur diteliti maneh.