--> Materi Drama Bahasa Jawa Kelas 11 -->

Materi Drama Bahasa Jawa Kelas 11

No comments



Materi Drama Bahasa Jawa Kelas 11Drama mujudake karya kang ngandhut nilai seni kang dhuwur.Sawijining drama ngetutake struktur plot sing urut.Struktur sing diatur bakal mbantu penonton seneng drama sing dipentasake.Drama uga minangka sarana pendhidhikan sing apik, amarga umume wong nalika sinau antarane maca lan ndeleng visual / gambar bakal luwih gampang dingerteni lan dieling-eling tinimbang sinau liwat maca utawa liyane.Salajengipun ing ngandhap supoyo gampang  nyinauni babagan drama lan kita nampilake ing wangun ringkesan.

(Drama adalah sebuah karya yang mengandung nilai seni tinggi. Drama mengikuti struktur alur yang berurutan. Struktur yang terorganisir akan membantu penonton menikmati drama yang dipentaskan. Drama juga merupakan sarana pendidikan yang baik, karena pada umumnya orang ketika belajar antara membaca dengan melihat visual  / gambar akan lebih mudah dipahami dan diingat daripada belajar melalui membaca atau lainnya.Lantas itu berikut untuk mempermudah belajar apa itu tentang drama dan kami menyajikannya dalam bentuk rangkuman.)

Tegese Drama

Teks Drama : lakon/sandiwara kang tegese yaiku aksi utawa salah bawa kang dipentasake dene paraga-paraga

Drama kaperang dadi 2 :

1. Drama Tradisional yaiku drama khayalan kang lumrah e nyritakake ngenani kesaktene salah sawijining wong (kesaktene kerajaan)

*Ciri basa drama tradisional :

  • Ngunakake basa ing tlatah drama
  • Ngunakake basa sing nuduhake dialek saka tlatah drama

2. Drama Modern yaiku drama kang nduweni tujuwan menehi panegulawentah tumrap manungsa ing saben dina (ngenani kaharuripan sabendina)

Banjur jenis-jenis drama miturut isine :

a. Drama Komedi : Drama sing iso nguyokake wong 

b. Drama Tragedi : Drama sing iso gawe sedih lan ngreyuhake

c. Drama Tragedi Komedi : Drama sing ana adegan susah nanging bisa nguyokake wong

d. Opera : Drama sing isine diiringi lelagon wae

e. Dagelan : Drama sing peragone tansah ngguyokake wong amarga tingkah polahe

f. Operet : Podo karo opera nanging luwih ringkes opera

g. Pantomim : Drama sing migunakake obahe awak lan ora ono dialog

h. Tablau : Drama sing saemper (hampir sama) klawan pantomim

Bedane Pantonim lan Tablau yaiku ing paesane (riasan) / ceritane beda

i. Passie : Drama sing nduweni unsur-unsur agamis

j. Wayang : Drama sing paragane saka wayang (pertunjukan sing dilakokake dalang)

Banjur unsur-unsur Drama :

*Unsur  Intrinsik (Struktur fisik)

(1.) Paraga lan watake
~Paraga ing drama diperangake dadi :
  • Tokoh utama : paraga kang dadi sumber crito.
  • Tokoh pembantu : paraga kang ana nduweni dialog nanging ora dadi pusat penceritaan
  • Tokoh figuran : paraga kang dianakake supaya kahanane dadi kaya nyata,nanging paraga iki ora ngucapake dialog lan mung kewat sakklebetan.
~Miturut watake,ing drama ana :
  • Tokoh antagonis yaiku paraga kang nduweni watak kang ala,saengga ora disenenggi,penonton
  • Tokoh protagonis yaiku paraga kang nduweni watak kang apik lan disenengi penonton
  • Tokoh tritagonis yaiku paraga kang bisa dadi kancane tokoh protagonis/antagonis,bisa nduweni watak kang apik / ala (penengah)
(2.) Latar (setting)
- Latar wektu yaiku wektu kang digambarake nalika paraga-paraga ngalami kedadean-kedadean ing panggung 
- Latar panggonan yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben babake 
- Latar swasana , latar swasana diperangake dadi:
# Swasana alam  : keadadean ing sekitar paraga. 
Tuladha : udan gerimis, swara jangkrik lagi ngerik (bengi)
# Swasana ati : apa bae kang dirasakake paraga
Tuladha : murka,nesu,was-was,seneng lsp
(3.) Alur / Plot 
    yaiku urutan kadadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganti babak terakhir.
*Alur diperangake :
  • Ngenalake masalah yaiku kadadeyan wiwitan kang ndandekake masalah-masalah kang dilakoni paraga-paragane
  • Mengerteni isi cerita saka perkenalan paraga lan watake
  • Masalah utawa konflik,yaiku kedadeyan kang isine ngenani masalah-masalah kang wiwit diadhepi paraga-paraga ing cerita kasebut
  • Klimaks/puncak konflik yaiku masalah sing angel lan kahanan para paraga ing pungkasing cerita drama.
(4.) Pacelathon
# Miturut Panggonan
- Prolog : pacelathon kang ana ing ngarep drama (sakdurunge paraga omong-omongan)
- Epilog : pacelathon kang dadi panutupe pementasan drama.
* sing nyritakake prolog lan epilog diarani narator.
# Cacahing Paraga :
- Dialog : pacelathon kang diucapkake sambung-sinambung antarane salah sawijining paraga klawan paraga liyane
- Monolog : pacelathon kang ditindakake mung dening siji paraga lan paraga liyane.
* Unsur Ekstrinsik (struktur batin)
1. Tema 
    yaiku bab kang dadi dhasare naskah drama digawe tema uga bisa diarani masalah utawa kang dadi sumber cerita
2. Amanat 
    yaiku pesen moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton.

Baca Juga : Materi Tembang Macapat Kelas 11

Struktur Teks Drama 

a. Orientasi
    yaiku para paraga dikenalake watake uga pandhapuke ing drama
b. Komplikasi
    yaiku para paraga diadhepake ing prakara (konflik dhewe-dhewe) nganti klimaks (puncak prakara)
c. Revolusi
    yaiku para paraga wes nemokake cara kanggo ing prakarane (peleraian)
d. Koda
    yaiku pesen utama nilai-nilai moral kang disampeake marang para pamirsa.

Bab - bab kang kudu digatekake sakdurunge maragake drama yaiku :

1. Nggatekake blocking naliko ing panggung
2. Nggatekake swara (vokal) : 
    a. Swara kudu bisa dirungoake pamiarso
    b. Tembung - tembunge kudu cetha
    c. Ora monoton
3. Nggatekake artikulasi , yaiku tembung-tembung kang diunekake kudu cetha saengga pamiarsa bisa mangerteni
4. Nggatekake intonasi , yaiku tekanan-tekanan kang diperlakokake ing tembung utawa dialog
5. Nggatekake mimik utawa ekspresi supaya luwih njiwai oleh e maragakake.

Bab - bab kang kudu digatekake sakdurunge maragake drama :

1. Nemtokake salah siji tema sing bakal digawe drama
2. Nemtokake paraga lan wewatekake paraga kasebut 
3. Gawe alur cerita , adegan lan pacalathon saka paraga
4. Nemtoake wektu,latar,lan papan panggonan cerita
5. Nulis kanthi "rasa" menawa drama kasebut dipentasake , supaya bisa njiwani
6. Naskah drama bisa diowahi sakdurunge naskah kasebut dipentasake.

Referensi :

Comments