--> Materi Tembang Macapat Kelas 11 -->

Materi Tembang Macapat Kelas 11

No comments



 TEMBANG MACAPAT

Tembang yaiku lirik/ rima kang nduweni nada irama saengga ing basa Indonesia lumrahe diarani tembang. Salah satunggaling tembang ingkang misuwur ing masarakat inggih menika tembang macapat. Tembang iki dikenal minangka tembang tradhisional ing Bali lan Jawa kang irama lan iramane nggunakake laras pelog lan slendro.

Tembang Macapat yaiku tembang sing macane peng papat utawa tembang kang ana ing tlatah jawa kang kaiket paugeran.


Baca Juga : 
Materi Drama Bahasa Jawa Kelas 11

Kaidahe Tembang Macapat

paugerane tembang:

  • Guru Gatra : cacahing gatra ing saben sapada tembang
  • Guru Wilangan : cacahing wanda ing saben sagatra tembang
  • Guru Lagu : tibaning swara saben pungkasane gatra (a,i,u,e,o).

Paugerane Tembang  Macapat 

NO

TEMBANG MACAPAT

GURU GATRA

GURU WILANGAN LAN GURU LAGU

1

2

3

4

5

6

7

8

9

10

1.

Maskumambang

4

12i

6a

8i

8a

 

 

 

 

 

 

2.

Mijil

6

10i

6o

10e

10i

6i

6a

 

 

 

 

3.

Sinom

9

8a

8i

8a

8i

7i

8u

7a

8i

12a

 

4.

Kinanthi

6

8u

8i

8a

8i

8a

8i

 

 

 

 

5.

Asmarandana

7

8i

8a

8e

8a

7a

8u

8a

 

 

 

6.

Gambuh

5

7u

10u

12i

8o

8o

 

 

 

 

 

7.

Dhandhanggula

10

10i

10a

8e

7u

9i

7a

6u

8a

12i

7a

8.

Durma

7

12a

7i

6a

7a

8i

5a

7i

 

 

 

9.

Pangkur

7

8a

11i

8u

7a

12u

8a

8i

 

 

 

10

Megatruh

5

12u

8i

8u

8i

8o

 

 

 

 

 

11.

Pocung

4

12u

6a

8i

12a

 

 

 

 

 

 


Urut-urutanne Tembang Macapat 
  1. Maskumambang ngambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune,ciri-cirine yaiku susah, nelangsa.
  2. Mijil ateges wis lair,ciri-cirine yaiku ngarep-ngarep.
  3. Sinom ngambarake wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe,ciri-cirine yaiku seneng,lincah,renyah.
  4. Kinanthi ateges dituntut supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya/tuntutan ing masyarakat,ciri-cirine yaiku seneng,tresno.
  5. Asmarandana ateges tresna marang liyan,ciri-cirine yaiku trenyuh,sengsara
  6. Gambuh ateges wis jumbuh banjur digathuake antarane priya lan wanita sing nduweni tresno mau supaya bisa urip bebrayan,ciri-cirine yaiku grapyak,sumanak
  7. Dhandhanggula ngambarake uripe wong kang lagi seneng-seneng,apa kang digayuh bisa kasembadan,ciri-cirine yaiku endah,wibawa.
  8. Durma ateges dana weweh marang liyan amarga wis rumangsa kacukupan uripe,ciri-cirine yaiku brangas sangalak,sereng.
  9. Pangkur ateges nyingkiri hawa nafsu angkara murka,ciri-cirine yaiku ikhlas,lila legawa.
  10. Megatruh ateges wis titi wanci katimbalan marak sowan mring sing maha kuwasa,ciri-cirine yaiku kentekan pengarep-ngarep,susah.
  11. Pocung ngambarake yen wis dadi mayit dipocongi sakdurunge dikubur,ciri-cirine yaiku sembrono.

NO

ARANE TEMBANG

SASMITANE (JENENG LIYANE)

1.

Maskumambang

Kampul,kambang,kenter

2.

Mijil

Medal,wijil,wiyos

3.

Sinom

Anom,mudha

4.

Kinanthi

Kanthi,gandheng

5.

Asmarandana

Asmara,kingkin

6.

Gambuh

Buh,jumbuh,tambuh

7.

Dhandhanggula

Madu,manis,tresno

8.

Durma

Dur,undur,galak

9.

Pangkur

Pangkur,ungkur,wuntat

10.

Megatruh

Pegat,truh,luh

11.

Pocung

Kluwak,wanda “cung”.


Bab-bab Anggone Ngarang Tembang
  1. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan sing bakal digawe tembang
  2. Temtokna tembang sing arep digawe
  3. Tulisen paugeranne
  4. Gawe ukara-ukara salaras karo paugerane tembang
  5. Tembung-tembung lan ukara kang wis digawe mau banjur diteliti maneh.
Tuladha

~ Pocung
1. Urip iku ibarate wong lumaku,            12u
    Mampir sawetara.                                6a
    Yen budhal ra bakal bali,                     8i
    Sangune iman sarta ngamal utama.    12a

~Asmaradana
2. Urip iku donya tan lami,            8i
    Aja dhemen numpak bandha,    8a
    Elinga tembe mburine,              8e
    Lamun mati tan ginawa.            8a
    Namung amal jariyah,               7a
    Mula senenga tetulung,             8u
    Marang sapadhane gesang.       8a

~Kinanthi
3. Ayo kabeh sedulurku,                8u
    Aja nganti sira lali,                    8i
    Marang Allah lan wong tuwa,   8a
    Kanthi tansah amemuji,            8i
    Nyuwun berkat lan hidayah,     8a
    Kanggo marang sangyawidi.    8i


Referensi

Comments