UNGGAH-UNGGUH BASA
TEGESE
Unggah-ungguh yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa (tatanan tata krama sajroning solah bawa).
JENISNE
A. Basa Ngoko
Yaiku perangan basa jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha.
1. Ngoko Lugu
yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumprap wong sing diajak guneman.
Tuladha :
*Saiki wis wengi,muliha sesuk wae !
* Sesuk diajak ndeleng kethoprak.
*Mangana dhisik yen arep lunga !
2. Ngoko Alus
yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumprap wong sing diajak guneman.
Tuladha :
*Saiki wis wengi,panjenengan kondur sesuk wae !
*Sesuk diajak mirsani kethoprak.
*Panjenengan dhahar dhisik yen arep tindak !
B. Basa Madya (Basa ing antarane basa ngoko lan krama)
1. Madya Ngoko
wujude tembung :
- Madya (ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) ngoko : artinya bahwa madya terletak di antara awal dan akhir dari ngoko)
- Ngoko
- Dika,mang,samang
- Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
- Ngoko
- Kang slira (sampeyan),pangkate,sesebutan (peprenahan)
- Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
- Krama lan krama inggil
- Sampeyan,pangkat,sesebutan/peprenahan
C. Basa Krama
D. Basa Kedhaton
PANGANGGONE
- Sapadha-padha sing wis kulina
- Nduwuran marang andhalan
- Wong kang wis tuwa marang sing enom
- Wong tuwa marang anake
- Guru marang muride
- Eyang marang putune
- Sedulur enom marang sedulur tuwo
- Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajate luwih dhuwur
- Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan amarga wis kulina
- Marang wong sing ndrajat amarga durung raket
- Wong enom marang wong tuwa
- Marang wong sing luwih dhuwur drajate
- Bakul padha bakul
- Priyayi marang andharake utawa ngisorane
- Para priyayi sing wis kulina
- Bojone priyayi marang bojone
- Priyayi marang sedulure kang kapernah tuwa nanging luwih cedhek pangkat / drajate
- Padha dene priyayine lan wis padha kulinane
- Bojon priyayi song durung ngoko