--> MAKALAH UPACARA ADAT TEDHAK SITEN -->

MAKALAH UPACARA ADAT TEDHAK SITEN

No comments

 MAKALAH UPACARA ADAT 

TEDHAK SITEN


BEBUKANING ATUR

 

Ingkang sepisan kula lan sedherek tiyang ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT kagem sadaya nikmat lan rahmatipun saengga kula sadherek saged ngrampungaken karya tulis punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken karya tulis punika.

Wonten makalah punika kula nyriosaken babagan Mitoni (Tedhak Siten ). Ingkang wonten penggalih kula wonten mriku wonten pitedah-pitedah babagan Mitoni (Tedhak Siten ).

Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kula panjenengan sedaya. Bener punika saking Allah SWT, ananging menawa lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.

 

 

 

Grogol, 21 September 2018.

 

 

Panyerat. 


DAFTAR ISI


BBEBUKANING ATUR   .................................................................................................................
DDAFTAR ISI   .................................................................................................................................

A. SEJARAH UTAWA PENGERTENE UPACARA TEDHAK SITEN..................................

B. ANCAS/TUJUAN PARA WARGA NINDAKAKE UPACARA ADAT TEDHAK SITEN.........................................................................................................................................

C. SAPA WAE PARAGA KANG NINDAKAKE UPACARA ADAT TEDHAK SITEN.........................................................................................................................................

D. UBARAMPE LAN WIRANTI KANG DIGUNAKAKE UPACARA ADAT TEDHAK SITEN.........................................................................................................................................

E. TATA CARANE TINDAKAKE UPACARA ADAT TEDHAK SITEN.........................................................................................................................................

F. FOTO TATA CARANE UPACARA ADAT TEDHAK SINTEN......................................................................................................................................

DAFTAR PUSTAKA...................................................................................................................

 

Baca Juga : Makalah Upacara Adat Mantenan dalam Bahasa Jawa

A. SEJARAH UTAWA PENGERTENE UPACARA TEDHAK SITEN.

Tedhak siten iki kalebu tradisi lan budaya ingkang kiat lan turun temurun tumrapipun para wong jawa.Sajatosipun tradisi kala wau tuwuh saking kapitadosan masyarakat satunggaling tlatah dhumateng kabudayaan.Salah satunggaling tradisi wonten ing daerah jawa inggih menika tedhak siten. Tedhak siten iku dikenal marang rakyat jawa dangu lan ndalu.Pramila saking menika, wonten makalah menika badhe kaandharaken babagan kebudayaan tedhak siten.

Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapan (245 dinten ). Mitoni iku asale saka tembung pitu (7). Upacara iki ing laladan liya ing Nuswantara uga ana, contoné kang diarani upacara injak tanah ing laladan Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana kang ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan". Dina sing digunakake upacara adat tedhak siten nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten pisan. Tedak siten asalipun saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih punika "tedhak” utawi idhak, tegese mudhun lan “siten" saking tembung siti kang tegese bumi. Dadi Tedhak siten ndueni arti ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak Siten ngambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa kaliyan bumi. Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing budaya jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku yen lemah iku ndueni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula dianakake upacara tedhak siten.Upacara iki kanggo perlambang bocah kang siyap-siyap nglakoni urip liwat tuntunan wong tuwa lan diadani yèn umur bocah wis 7 lapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245)

Sebabe Dianakaké :

Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masarakat Jawa yèn lemah iku duwé makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéan kang ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka kang njaga lemah. Anggoné nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.

B. ANCAS/TUJUAN PARA WARGA NINDAKAKE UPACARA ADAT TEDHAK SITEN.

Tujuane kanggo sing atur puji sukur marang gusti allah, dene wis paring kekuatan sarta keslamatan nganti bisa nidak bumi lan saged urip mandiri. Lan bibar punika, para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten, lan kanggo nggawe bocah diwasa lan bisa ngadhepi piyambak sajrone nindakake tantangan ing urip supaya uripe bakal ditampa.

C. SAPA WAE PARAGA KANG NINDAKAKE UPACARA ADAT TEDHAK SITEN.

1.      Bayi umur 7 lapan atau 245 dina ,

2.      Bapak lan ibu bayi,

3.      Mbah Kakung lan Mbah Putri,

4.      Kerabate uga lingkungan sakitare kang ngadakake upacara adat kasebut. 

D. UBARAMPE LAN PIRANTI KANG DIGUNAKAKE UPACARA ADAT TEDHAK SITEN.

UBARAMPE

1.    Pengaron kang diisi kembang setaman supaya dadi sehat lan gawa ganda arum tumrap kulawargane ing tembe.

2.   Kurungan, kanggo nggambaraké yèn donyané anak isih sithik utawa ciut.

PIRANTI

1.   Werna-warna barang kang diséléhaké sajeroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kaya ta:

Ø  sabengket kang gambarake mbesuk e kang urip makmur.

Ø  Kapuk sabengket gambarake sifat e lemah lembut,andap asor lan penyabar.

Ø  Kaca, jungkas utawa sisir mbesuk e bakal pinter dandan.

Ø  Piranti nulis kang gambarake mbesuk e bakal pintar jalaran sregep sinau.

Ø  Bokor kang diisi beras kuning.

Ø  Werna-warna jinis dhuwit kang gambarake mbesuk e sang jabang bayi bakal pinter nyambut gawe utawa golek dhuwit.

Ø  "Perhiasan" kanggo punika ngarep-ngarep yen bayi bakal dadi wong sing urip lan makmur sajronong urip.

Ø  Klasa kang isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.

Ø  Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.

Ø  Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu kang wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip kang arep dilakoni anak.

Ø  Jadah pitung warna, ya iku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yèn urip kudu waspada saka godaan warna-warna.

Ø  Bancakan, kayata sega gudhangan kang dibagékake marang para tamu kang teka.

 

E. TATA CARANE TINDAKAKE UPACARA ADAT TEDHAK SITEN.

1.         Tedhak jadah pitung warna: ya iku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna kang padhang nganti warna kang peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan kang dirasakaké mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

2.         Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak kang munggah tebu iku bisa duwé solah bawa kaya déné arjuna.

3          Bocah dituntun kangge melaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, inkang nduweni tegese golek pangan. Karepe bocah saged nyukupi keperluan e dewe menawi sampun gede

4.         Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kaya ta kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan kang dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwé pagawéan mau.

5.         Bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dicampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung, deweke gampang golek rejeki.

6.         Bocah wau di adusi ngangge banyu setaman ingkang sampun di campur kembang-kembang (melatih, mawar, kenanga lan kanthil) .

7.         Ing pungkasan upacara,bocah didandani ngangem kelambi resik lan apik. Kerepe supaya sibocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saget agawe seneng kaluwarganePunika karepe ing urip ipun,bocah punika saget arum jeneng e lan saget ngarumaken jeneng kaluwargane.


 Baca Juga: MAKALAH LARUNG SESAJI DALAM BAHASA JAWA


F. FOTO TATA CARANE UPACARA ADAT TEDHAK SITEN.

 

    1. Tedhak jadah pitung warna .

2. Munggah andha tebu arjuna

3..Bocah dituntun kangge melaku ing pasir   

4.Kurungan.   

5. Bapak lan simbah bocah nyebar duit logam.

6. Bocah di adusi ngangge banyu di campur kembang


7. bocah didandani ngangem kelambi resik lan apik



DAFTAR PUSTAKA.

 

https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Tedhak_sit%C3%A8n

http://banyakhalbaru.blogspot.com

https://www.cendananews.com/2015/04/tradisi-tedhak-siten-masih-lestari-di-lampung.htr

https://aryowidiyanto.blogspot.com.di

http://banyakhalbaru.blogspot.com



 

Comments