--> STRUKTUR TEKS PEWARA DAN PIDHATO DALAM BAHASA JAWA -->

STRUKTUR TEKS PEWARA DAN PIDHATO DALAM BAHASA JAWA

No comments


TEKS PEWARA (PRANATA ADICARA)

Tegese Pranata Adicara

    Sawijing paraga sing nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing sawijing acara.

Tugase Pranata Adicara:

  • Tugas pokok pranatacara, yaiku ngeterake, mandhu, lan nglaksanakake sawijining adicara. 
  • Sawijining adicara ora bisa lumaku dhewe, kudu kasengkuyung dening pranatacara.

Fungsi PranataAdicara:

  • Pengatur,
  • Media pengumuman,
  • Panyandra,

 Carane Nggawe Teks Pranata Adicara :

  • Tema adhedhasar jinis adicarane
  • Gawe kerangka teks adhedhasar struktur teks pranatacara. 
  • Nggunakake basa kang gampang dingerteni.

Kriteria Pranata Adicara sing Becik :

  • Patrap
  • Busana utawa ngadi sarira
  • Basa lan Sastra. Nggunakake basa sing komunikatif lan trep ing panggonan kudu nggatekake:

1.              Sapa sing guneman

2.              Sapa sing diajak guneman

3.              Apa sing digunemake

4.              Swasana nalika guneman

5.              Padha ngerti sing guneman


 

Struktur Teks Pewara lan Tuladhane

 

Assalamu’alaikum Wr.Wb

 

Sugeng enjing bapak kepala sekolah ing dahat kinurmatan, sugeng enjing bapak ibu guru ingkang kula bekteni, para rawuh ingkang satuhu bagya mulya. Mangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi pinten-pinten kanikmatan, kasarasan, lan kawilujengan saengga kita saged makempal wonten ing papan punika kanthi mengeti adicara Pelepasan kelas XII SMAN 1 Grogol angkatan 2017/2018 tanpa alangan punapa-punapa.

Sholawat sarta salam tansah kita aturaken dhumateng Nabi Agung kita Muhammad SAW, ingkang tansahkita anti-anti safa’attipun wonten yaumul qiyamah. amin.

Para rawuh ingkang kula kurmati, saderengipun adicara kawiwitan kepareng kula ngaturaken tuntuting adicara ing enjing menika .

1. Pambuka

2. Pangandikan-pangandikan

3. Sumening

4. Pungkasan

Bapak ibu lan sederek sedaya mangga kita buka adicara menika kanthi waosan basmallah. Mugi-mugi acara punika saged lancar .

Acara saklajengipun pangandikan, pangandikan ingkang kaping setunggal menika saking bapak kepala sekolah, dumateng bapak Tajuddin Subekti  kula sumanggakaken.

(.........).

Matur nuwun dhumateng bapak Tajuddin Subekti ingkang sampun paring pangandikan .

Pangandikan ingkang kaping kalih inggih menika wakilipun kelas XII, dumateng Rida Lestari kula sumanggakaken .

(......)

Matur nuwun dhumateng Rida Lestari ingkang sampun maringi pangandikan.

Adicara saklajengipun inggih menika atur pambagya saking ketua OSIS minangka wakilipun siswa kelas X lan XI . Dhumateng Ayu Dewi wekdal saha papan kula sumanggaken.

(......)

Matur nuwun dhumateng ketua OSIS , mugi-mugi andadosaken penggalih panjenengan sedaya .

Acara saklajengipun inggih menika sumening, gegandhengan sampun cumawis dhaharan saha unjukan mangga kita dhahar sesarengan. Mboten ngirangi anggenippun dhahar lan ngunjuk mangga kita tutup acara puniki kanthi waosan  hamdallah ...

Menawi wonten kirang langkunging trapsila kaliyan tuturtembung kula, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

 Keterangan Tanda Warna :

1. Merah terang : Salam Pambuka

2. Merah hati : Panyapa ( Pambuka )

3. Coklat : Wosing Pranata Adicara

4. Hitam : Panutup

5. Aqua : Salam Panutup

 

TEKS PIDHATO

Tegese Pidhato

    Ngandharake gagasan marang wong liya kayata para tamu/undhangan/rawuh sarana micara sing wis kasusun kanthi tata urutan lan paugeran sing becik ing adicara tartemtu.

Tujuwan Pidhato

  • Kanggo weneh pangerten marang wong akeh.
  • Kanggo weneh kesenengan utawa weneh panglipur marang wong akeh.
  • Kanggo weneh pengaruh tumrap pamanggih utawa pendiriane wong akeh.

Jenis-jenis Pidhato Miturut Isine

  • Pidhato pambuka
  • Pidhato pengarahan
  • Pidhato sambutan
  • Pidhato peresmian
  • Pidhato laporan
  • Pidhato pertanggungjawaban

 

Cara Nuturake Pidhato

·                Impromtu

·                Ngapalake

·                Naskah

·                Ekstemporan

Kriteria Pidhato Sing Becik

1.              Swara lan lagu pocapan cetha, supaya bisa dimangerteni wong akeh

2.              Nggatekake tat rakite ukara kang becik, supaya karepe bisa dimangerteni

3.             Mangerteni sapa wae para rawuh lan swasanane saengga bisa ngetrapake tata trapsila sing becik

4.              Nggunakake unggah-ungguh basa sing becik

5.              Anggone micara ora ngambra-ambra lan duweni bobot isi


 

Struktur Teks Pidhato lan Tuladhane

 

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Para pinisepuh tuwin para sesepuh ingkang satuhu pinundhi-pundhi. Para bapak lan ibu pengurus kampung ingkang dahat kinurmatan, para kanca mudha taruna ingkang tansah pinayungan ing karaharjan, para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya.

Ing ngiki kula minangka sesulih saking karang taruna lan panitia resepsi pengetan dinten kamardikan RI keparenga sumela atur ing ngarsa panjenengan sami. Nanging saderengipun sumangga sesarengan ngunjukaken puja pudyastuti syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi kita tansah pinaringan rahayu wilujeng. Saha mugi-mugi adicara ing dalu punika sageda rancag boten wonten rubeda satunggal punapa.

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken rerangkenipun adicara ingkang sampun kalampahan wiwit satunggal minggu kepengker. Adicara “lomba-lomba” ingkang sampun kaleksanan inggih punika lomba kangge lare-lare, para mudha taruna, sarta ibu-ibu. Jinising lomba ingkang katandhingaken kangge lare-lare inggih punika lomba balap karung, lomba mecah kendhi, nedha krupuk, lan sanes-sanesipun ingkang lucu-lucu. Kangge para mudha taruna inggih punika olah kanoragan ing antawisipun bal-balan, bola voli, tennis meja, bulu tangkis, lan sapanunggalanipun.  Ewadene kangge ibu-ibu inggih punika lomba nyunggi tampah, lomba joged, lomba karaoke, lan sapanunggalanipun. Salajengipun pasrah tampi bebungah badhe kaparingaken ing pungkasaning adicara dalu punika.

Kajawi adicara lomba-lomba, ugi wonten kegiatan sanesipun, inggih punika bakti sosial, damel rerenggan ing margi-margi kampung sarta ngrengga gapura.  Sadaya kegiatan kalawau Alhamdulillah tansah lumampah rancag nir ing sambikala. Wondene anggaran kangge kegiatan punika sadaya saking swadaya bebrayan ing kampung punika. Mugi-mugi kegiatan ingkang sampun kaleksanan kala wau saged ngrenani ing penggalih kita sadaya. Kula minangka sesulihing panitia bokbilih anggen kawula sami ngawontenaken kegiatan-kegiatan kangge ngregengaken dinten kamardikan punika taksih wonten kekirangipun, kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Awit kawula taksih sami ajar lan gegladhen. Namung panyaruwe saking panjenengan sami ingkang mawantu-wantu kula suwun supados saged muwuhi seserapan kula sakanca kangge ngawontenaken adicara-adicara sanesipun.

Wasana cekap semanten atur kawula, bokbilih wonten klenta-klentuning atur, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Nuwun

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Keterangan Tanda Warna :

1. Hijau : Salam Pambuka

2. Biru : Panyapa

3. Aqua :  Purwaka

4. Merah : Surasa Basa ( Isi )

5. Coklat : Pengarep -Arep

6. Hitam : Wusana ( Panutup )

7. Unggu : Salam Panutup

 

 

<![endif]-->

Comments